Jumat, 02 Februari 2018

cerkak"Budhe Paini"

                Budhe Paini
KENALKU wiwit ana omah kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol blanja, yen awan dodolan rujak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang aku.
Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake.
Budhe Paini pindhah menyang sawah, Embuh sawah sing endi, sebab akeh banget sawah-sawah sing dikapling. Salah sijine, kaplingan kang dakcicil, wis oleh rong taun. Saka sekolahanku kira-kira rong kilo adohe. Isih sawah amba, malah isih ana kebone nalika iku. Terus, nalika wis lunas, sisihan­ku nanting. Wusana banjur wiwit mon­dhasi, ngurug, nembok, kuda-kuda, akhire sawise nem sasi aku bisa manggon omahku dhewe. Rada adoh sakulone sawah, ana omah petak jejer sapengidul.

Sawijing awan mulih saka mulang, karo payungan awit grimis, aku kaget ana swara kem­rosak saka tengahing alang-alang. Kesusul swara wadon:
“Bu Guru!”
Dakwaspadhakake swara iku. Lho!
“Budhe Paini!”
“Bu Guru! Njenengan ta sing pindhah kala emben?” swarane seneng
“Inggih, Budhe. Mriki, Budhe, payungan!”
“Sampun, mboten napa-napa. Kula mpun setaun langkung. Nika gubug kula,” dheweke nudingi omah cilik saelore alang-alang. “Mangga pinarak.”
“Matur nuwun, mbenjang mawon. Mbenjang enjing kula diampiri nggih, kalih dolan.”
“Inggih, Bu Guru.”
Wiwit iku aku raket maneh karo Budhe Paini. Mung saiki ora nganggo dodol rujak,
Budhe Paini isih dodolan. Ning dak deleng dagangane saya susut. Nganti sawijining dina leren olehe dodolan. Jarene, modhale entek awit wong-wong kang blanja. Yen sore ana bakul buwah lan bakul cao, uwuhe diwadhahi. Kekarone ketok yen laris. Saliyane bakul cao lan bakul buwah, isih ana bakul-bakul liyane kang njaluk palilah dodo ling sisihe bakul loro iku. Aku lan sisihanku ora ngidini. Ana arisan PKK wingi bu RT mbisiki aku yen Budhe Paini kepingin dodol sega pecel ing pojok ngarep omahku yen wayah esuk. Aku setuju banget. Nalika dakkandhakake sisihanku, dheweke uga setuju. Muga-muga dodolane laris.


Lan bener, sega pecele Budhe Paini laris.Usahane Budhe Paini lancar. Yen pinuju oleh kiriman beras saka desa nalika wayah panen, dheweke dakwenehi. Budhe Paini kala-kala menehi bumbu pecel lan peyek. Lan suwe-suwe ora mung kala-kala, ning meh saben wulan. Bumbune meh setengah kilo, peyeke sak kaleng Khong Gwan. Sisihanku nganti ngelingake aku. Aja ditampa. Mesakne. Gek kadhang, amarga batihku ora akeh, bumbu pecel mau klalen ora kober nggawe, sumimpen ana kulkas. Wusanane wingi, dina Minggu, aku masak ana pawon karo bocah-bocah, ana wong uluk salam.
“Sugeng enjang, Bu Guru.”
“Sugeng enjang, Budhe”
Budhe ngadeg karo nggawa bumbu pecel lan peyek sak kresek.
“Kangge putra-putra, Bu Guru.”
Aku mesem marang wong wadon tuwa iku. Aku kelingan, ing kulkas bumbu pecel sing wingi isih utuh. Daktampani pa­we­wehe wong tuwa iku karo ngomong alus:
“Budhe, matur nuwun sanget paringani­pun. Nanging peyekipun kemawon nggih, Budhe?”
“Mboten remen bumbu pecel, ta?” pita­kone rada kaget.
“Mboten, mboten, kula remen”, aku nyaut cepet. “Nanging sing maem mriki na­mung tiyang sekedhik. Bumbu sing wingi taksih kathah,” aku nuduhake bumbu ana kul­kas. Banjur peyek dak­dekek meja. Bumbu pecel sing anyar dak­cekel.
“Sapunika peyekipun kemawon nggih, Budhe ingkang kula tampi. Bumbunipun nje­nengan asta malih mawon,” aku ngo­mong ngati-ati aja nganti dheweke salah tampa.
Saiki dheweke ngguyu, praupane bali ajer.
“Nggih sampun, Bu Guru, matur nuwun, nggih.”
“Matur nuwun, Budhe,”
Sabaline Budhe Paini, aku ambegan lan­dhung. Dhuh, Gusti, kula mboten ke­pengin natoni manahipun tiyang sepuh punika. Mugi kedadosan kala wau mboten muruga­ken piyambakipun kemba. Mugi Panjeneng­an tansah maringi rejeki ing­kang langkung dhumateng tiyang sepuh punika.
Nalika aku bali menyang meja makan, sisihanku wis lungguh ana kono.
“Bumbune pecel dakbalekake”, kan­dhaku. Sisihanku manthuk.

Roro Mendut

Irah-irahan : Roro Mendut


Penulis : Y.B. Mangunwijaya



Penerbit : PT. Gramedia Pustaka Utama



Taun diterbitake : April, 2008





Roro Mendut yaiku budak rampasan sing nolak dipek garwa kaliyan Tumenggung Wiraguna amarga tresnane marang Pranacitra. Rara Mendut digedekake ing desa nelayan ing lor e pantai Jawa, dheweke nyelot gedhe nyelot dadi prawan sing trengginas lan gak tau ragu kanggo nyuarakake isi pikiran e. Sosok e sing dianggep nyebal tatanan ing lingkungan istana ing endi wong wedok kudu nduweni sikap alus lan patuh. Tapi dheweke ora wedi kanggone, luwih becik nyambut ajal ing ujung keris e Tumenggung Wiraguna timbang dipeksa ngelayani nafsune panglima tuwa iku.


Genduk Duku, sahabat e Rara Mendut sing ngewangi nerobos Benteng Keraton Mataram lan ngelarikake dhiri teko uberane Tumenggung Wiraguna. Sakwise kematiane Rara Mendut lan Pancacita, Genduk Duku dadi saksi perseteruan meneng-meneng antara Tumenggung Wiraguna lan Pangeran Aria Mataram, putra mahkota sing kelak entuk gelar Sunan Amangkurat I lan sakjane tresna marang Rara Mendut ( wong wedok rampasan sing dihadiahke bapake marang panglimane sing berjasa ).


Lusi Lindri, putra saka Duku Gender dipilih minangka anggota Sunan Amangkurat I sing dijaga dening Ibu Ratu. Lusi Lindri manggon ing tembok istana sing nyekel ewuan rahasia lan intrigu. Minangka garwane perwira mata Mataram, dheweke ngerti akeh, malah akeh banget, karo rumangsa nesune dheweke dadi luwih disusahake pilihan liyane. Dibandhingake tekane, kanggo dheweke luwih becik mati minangka mungsuh pemberontak ora adil tinimbang manggen ing kemewahan

Spookhuis Gedhong Setan


Judul                   : Spookhuis Gedhong Setan


Nalika malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang pasar kembang. Sederenge Totje lunga marang gedhong setan, deweke nyiapake barang bawaan sing arep digawa. Totje latian carane motret nganggo tustel.
Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang umahe nang wengi kuwe. Tekane Sonia marang umahe Totje merga deweke ngerti menawi Totje arep lunga marang gedhong setan, lan Sonia arep mbatiri Totje marang gedhong setan. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang dokare takon marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane marang gedhong setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu menungsa. Sawise tekan gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik cepet-cepet
Sawise gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora katon wujude lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan, malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di bukak, tapi nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan saiki nutup merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje, tapi Totje ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh ruangan dileboni.
Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman keras lan mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan. Nalika Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana wong wadon disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau kuwi, banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka wetenge wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag kono, kuwi dudu dhemit.
Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana sing gerak saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang kamar kuwi, nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok loteng mau.
Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung dithuthuk nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia. Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok. Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan.


cerkak"JODHO"

JODHO

Cerkak Bahasa Jawa yang pernah dimuat dalam majalah Bahasa Jawa Panjebar Semangat, edisi 24 Desember 2016 dengan judul "Jodho". Cerkak karangan dari A.S Yasman ini menceritakan kisah percintaan yang dialami oleh seorang pemuda terhadap gadis pujaannya yang bernama Triningsih.

Jujur wae, senajan wis pedhot watara limang taunan, nanging batinku ora bisa diapusi. Angel
angqonku arep nglalekake senajan wis keslimur maneka kegiyatan ing pasinaon lan sawise lulus
kuliyah terus nyambut gawe ngrumat pasien ing rumah sakit. Uga duwe samben nulis cerkak lan
guritan sing tak kirim menyang majalah basa Jawa, ngiras melu nguri-uri basa lan susastra amrih
ora kabuncang dening ombake globalisasi.

Triningsih jenenge kenya kembange desa kuwi. Citrane tansah kumanthil ing atiku, luwih-luwih
yen pinuju sepi ora ana kegiyatan. Gawang-gawang wewayangane tansah ngreridhu, lelewane
yen pinuju aleman, lan dhekik pipine yen lagi mesem. Wis dadi rahasia umum yen
sesambunganku karo Triningsih kayadene Kamajaya lan Dewi Ratih, ngalor ngidul tansah
rerenteng reruntungan. Mbuh kuwi ing bangku pasinaon, ing kegiyatan olahraga utawa yen
pinuju gladhen beksan ing padhepokane Resi Subroto.
Jane ora etungan cowok sing mambu ati marang Triningsih, kayata Prapto lan Robertus kanca
sekelas, nganti direwangi bengkerengan lan jothakan. Nanging lelorone mung dienjebi wae
dening Triningsih, ora ana sing digape.

Beja kemayangan dene aku sing ora mlebu nominasi ngesir dheweke bisa ketiban pulung. Bisa
cecaketan lan kena diarani pacaran. Nanging ya kuwi, imbase kanca-kanca priya padha ora
Seneng marang aku, temahan banjur nyatru lan mungsuhi. Kepara Robertus sing ngesir setengah
mati lan ditulak mentah-mentah dening Triningsih tau nantang ngajak gelut, nanging ora
takladeni.

“Mas Robert, ora apik yen perkara bocah wadon direwangi tukaran. Karomaneh sambung
katresnan kuwi sawijining pilihan antarane priya lan wanita lumantar keserasian jroning ati,”
ucapku nalika Robertus nyengkerem krah klambiku arep nempiling. Bubar kuwi Robertus terus
mundur teratur, ngerti yen Triningsih ora ngrespon marang dheweke.

Wusanane kanca-kanca sing maune gething marang aku padha nyadhari keluputane lan ngajak
akur maneh. Malah sawijining wektu rikala Triningsih ulang taun, kabeh kanca kanthi aklamasi
ndheklarasekake aweh sebutan anyar Mantri. Tembung mau digabung antarane jenengku lan
jenenge Triningsih. Wiwit kuwi saben ketemu, mbuh ing endi wae, uger ketemu kanca-kanca,

aku diundang Mantri, dudu jenengku sing asli.

GARUDA PUTIH

GARUDA PUTIH

            Emi, wong wado bayaran nalika tangi turu dheweke kaget amarga Abisuna , wong kang nggawa dheweke ing sawijining hotel ing pegunungan yaiku hotel Argadalu wis ora ana ing njero kamar . Esuk-esuk nalika wong loro nom-noman lanang wadon yaiku Manik lan Wicaksana lagi mlaku-mlaku ana ing taman , dheweke namoake mayit . Mayit mau digantung ing sak ndhuwure jirang. Mayit mau ora salah ya Abisuna .
Manik lan Wicaksana banjur enggal-enggal lapur karo meneger hotel yaiku Suhud. Banjur kasus mau ditangani dening polisi saka Surabaya sing njanjane lagi diugasi ngurus kasus durjana Garuda Putih . Kasus diperjayane Abisuna uga ditangani dening detektip kondhang yaiku Handoko , sing uga wis suwengi ana ing hotel Argadalu . Polisi nemoake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna , kertas mau ana tulisane “ Ukumane wong slingkuh” . Kertas mau padha persis karo kertas sing ditinggalake nalika ana maling Rajabrana ing daleme Bapak Suryapriyangga ing Surabaya seminggggu kepungkur . Ing kertas sing ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga ana tulisane  “sing njupuk aku , Garuda Putih “ . Banjur padha ngannggep ten sing merjaya Abisuna kuwi ya Garuda Putih .
Kabeh wong kang ana ing hotel mau diperiksa dening polisi , lan kabeh wong padha duwe rasa curiga dhewe-dhewe . Bagus Pramutih dadi sasaran tudhuhan amarga dheweke gerak-gerike nyurigani . Nanging wis mesti gudu Bagus Pramutih sing merjaya Abisuna, amarga Bagus Pramutih teka ing hotel kana namung dikongkon dening nyonya Abisuna kanggo nyekseni yen Abisuna pancen tenan ora lagi dinas ana ing Malang , nangin lagi slingkuh ing hotel Argadalu. Nyonya Abisuna pikantuk info yen Abisuna lagi slingkuh saka surat budhek sing ditulis ing kertas serbet hotel Argadalu , surat mau jare dikirim dening Garuda Putih . Garuda Putih arep ngukum Abisuna amarga klakuane .

Guritna, tunangane Rara Suwarni ponakane meneger hotel uga dadi sasaran tudhuhan , amarga dandanane necis kata ciri-cirine Garuda Putih , umur-umurane uga padha . Lan dheweke teka ing daerah Tretes bareng karo tekane durjana Garuda Putih sing ditandhani anane kasus diperjayane Abisuna , lan Guritna ditudhun yen dheweke kuwi Garuda Putih . Nanging Polisi ora bisa mbuktikake yen Guritna kuwi Gariuda Putih , malah ana kabar yen Garuda Putih dina kuwi kecekel lan mati ana ing Surabaya bibar ngrampok . Otomatis Guritna bebas lan polisi sing ditugasake ing Tretes tugase uga dibubarake amarga Garuda Putih wis kecekel . Banjur kasuse Abisuna ditangani dening detektip Handoko . Banjur ketemu yen sing merjaya Abisuna kuwi ora salah ya Maridi , jongos hotel Argadalu . Motip pembunuhane yaiku amarga Maridi arep njebak Garuda Putih .   Maridi wis reti sapa kuwi Garuda Putih , yaiku Guritna. Maridi sing nulis surat budhek kanggo nyonya Abisuna , kanggo detektip Handoko , uga surat kang ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga . Maridi arep nggawe fitnah kanggo Garuda Putih , amarga Maridi wis suwe seneng karo Rara Suwarni tunangane Guritna . Maridi yaiku kanca cedhake Rara Suwarni nalika SMP , janjane Rara Suwarni uga seneng karo Maridi  nanging Ibune Rara Suwarni ora ngrestoni . Nanging polisi uga wis ngerti yen Guritna kuwi pancen Garuda Putih , naging Garuda Putih wis limang taun kepungkur pensiun lan ora tau nggawe geger meneh . Uga ora ana bukti kuwat yen Guritna kuwi Garuda Putih . Banjur sapa wong kang mati ngendhat ana ing Surabaya dina kuwi lan sakdurunge mati ngaku yen dheweke kuwi Garuda Putih ? . Wong kuwi yaiku anak buwahe Guritna , Guritna ngeculake manuk Doro kanggo ngirim nawala kanggo anak buwahe kuwi . Njaluk tulung kanggo nyelametake identitase . Otomatis Guritna wis ora bisa kena tudhuh.