Jumat, 02 Februari 2018

cerkak"Budhe Paini"

                Budhe Paini
KENALKU wiwit ana omah kontrakan ndhisik. Omahe ing sisih burine omah kontrakanku. Yen esuk dodol blanja, yen awan dodolan rujak. Olehe ana kono luwih dhisik tinimbang aku.
Sanajan mburi omahku, nanging seje RT. Dadi srawungku mung winates dol tinuku blanja lan rujake.
Budhe Paini pindhah menyang sawah, Embuh sawah sing endi, sebab akeh banget sawah-sawah sing dikapling. Salah sijine, kaplingan kang dakcicil, wis oleh rong taun. Saka sekolahanku kira-kira rong kilo adohe. Isih sawah amba, malah isih ana kebone nalika iku. Terus, nalika wis lunas, sisihan­ku nanting. Wusana banjur wiwit mon­dhasi, ngurug, nembok, kuda-kuda, akhire sawise nem sasi aku bisa manggon omahku dhewe. Rada adoh sakulone sawah, ana omah petak jejer sapengidul.

Sawijing awan mulih saka mulang, karo payungan awit grimis, aku kaget ana swara kem­rosak saka tengahing alang-alang. Kesusul swara wadon:
“Bu Guru!”
Dakwaspadhakake swara iku. Lho!
“Budhe Paini!”
“Bu Guru! Njenengan ta sing pindhah kala emben?” swarane seneng
“Inggih, Budhe. Mriki, Budhe, payungan!”
“Sampun, mboten napa-napa. Kula mpun setaun langkung. Nika gubug kula,” dheweke nudingi omah cilik saelore alang-alang. “Mangga pinarak.”
“Matur nuwun, mbenjang mawon. Mbenjang enjing kula diampiri nggih, kalih dolan.”
“Inggih, Bu Guru.”
Wiwit iku aku raket maneh karo Budhe Paini. Mung saiki ora nganggo dodol rujak,
Budhe Paini isih dodolan. Ning dak deleng dagangane saya susut. Nganti sawijining dina leren olehe dodolan. Jarene, modhale entek awit wong-wong kang blanja. Yen sore ana bakul buwah lan bakul cao, uwuhe diwadhahi. Kekarone ketok yen laris. Saliyane bakul cao lan bakul buwah, isih ana bakul-bakul liyane kang njaluk palilah dodo ling sisihe bakul loro iku. Aku lan sisihanku ora ngidini. Ana arisan PKK wingi bu RT mbisiki aku yen Budhe Paini kepingin dodol sega pecel ing pojok ngarep omahku yen wayah esuk. Aku setuju banget. Nalika dakkandhakake sisihanku, dheweke uga setuju. Muga-muga dodolane laris.


Lan bener, sega pecele Budhe Paini laris.Usahane Budhe Paini lancar. Yen pinuju oleh kiriman beras saka desa nalika wayah panen, dheweke dakwenehi. Budhe Paini kala-kala menehi bumbu pecel lan peyek. Lan suwe-suwe ora mung kala-kala, ning meh saben wulan. Bumbune meh setengah kilo, peyeke sak kaleng Khong Gwan. Sisihanku nganti ngelingake aku. Aja ditampa. Mesakne. Gek kadhang, amarga batihku ora akeh, bumbu pecel mau klalen ora kober nggawe, sumimpen ana kulkas. Wusanane wingi, dina Minggu, aku masak ana pawon karo bocah-bocah, ana wong uluk salam.
“Sugeng enjang, Bu Guru.”
“Sugeng enjang, Budhe”
Budhe ngadeg karo nggawa bumbu pecel lan peyek sak kresek.
“Kangge putra-putra, Bu Guru.”
Aku mesem marang wong wadon tuwa iku. Aku kelingan, ing kulkas bumbu pecel sing wingi isih utuh. Daktampani pa­we­wehe wong tuwa iku karo ngomong alus:
“Budhe, matur nuwun sanget paringani­pun. Nanging peyekipun kemawon nggih, Budhe?”
“Mboten remen bumbu pecel, ta?” pita­kone rada kaget.
“Mboten, mboten, kula remen”, aku nyaut cepet. “Nanging sing maem mriki na­mung tiyang sekedhik. Bumbu sing wingi taksih kathah,” aku nuduhake bumbu ana kul­kas. Banjur peyek dak­dekek meja. Bumbu pecel sing anyar dak­cekel.
“Sapunika peyekipun kemawon nggih, Budhe ingkang kula tampi. Bumbunipun nje­nengan asta malih mawon,” aku ngo­mong ngati-ati aja nganti dheweke salah tampa.
Saiki dheweke ngguyu, praupane bali ajer.
“Nggih sampun, Bu Guru, matur nuwun, nggih.”
“Matur nuwun, Budhe,”
Sabaline Budhe Paini, aku ambegan lan­dhung. Dhuh, Gusti, kula mboten ke­pengin natoni manahipun tiyang sepuh punika. Mugi kedadosan kala wau mboten muruga­ken piyambakipun kemba. Mugi Panjeneng­an tansah maringi rejeki ing­kang langkung dhumateng tiyang sepuh punika.
Nalika aku bali menyang meja makan, sisihanku wis lungguh ana kono.
“Bumbune pecel dakbalekake”, kan­dhaku. Sisihanku manthuk.

Roro Mendut

Irah-irahan : Roro Mendut


Penulis : Y.B. Mangunwijaya



Penerbit : PT. Gramedia Pustaka Utama



Taun diterbitake : April, 2008





Roro Mendut yaiku budak rampasan sing nolak dipek garwa kaliyan Tumenggung Wiraguna amarga tresnane marang Pranacitra. Rara Mendut digedekake ing desa nelayan ing lor e pantai Jawa, dheweke nyelot gedhe nyelot dadi prawan sing trengginas lan gak tau ragu kanggo nyuarakake isi pikiran e. Sosok e sing dianggep nyebal tatanan ing lingkungan istana ing endi wong wedok kudu nduweni sikap alus lan patuh. Tapi dheweke ora wedi kanggone, luwih becik nyambut ajal ing ujung keris e Tumenggung Wiraguna timbang dipeksa ngelayani nafsune panglima tuwa iku.


Genduk Duku, sahabat e Rara Mendut sing ngewangi nerobos Benteng Keraton Mataram lan ngelarikake dhiri teko uberane Tumenggung Wiraguna. Sakwise kematiane Rara Mendut lan Pancacita, Genduk Duku dadi saksi perseteruan meneng-meneng antara Tumenggung Wiraguna lan Pangeran Aria Mataram, putra mahkota sing kelak entuk gelar Sunan Amangkurat I lan sakjane tresna marang Rara Mendut ( wong wedok rampasan sing dihadiahke bapake marang panglimane sing berjasa ).


Lusi Lindri, putra saka Duku Gender dipilih minangka anggota Sunan Amangkurat I sing dijaga dening Ibu Ratu. Lusi Lindri manggon ing tembok istana sing nyekel ewuan rahasia lan intrigu. Minangka garwane perwira mata Mataram, dheweke ngerti akeh, malah akeh banget, karo rumangsa nesune dheweke dadi luwih disusahake pilihan liyane. Dibandhingake tekane, kanggo dheweke luwih becik mati minangka mungsuh pemberontak ora adil tinimbang manggen ing kemewahan

Spookhuis Gedhong Setan


Judul                   : Spookhuis Gedhong Setan


Nalika malem jemuwah kliwon sing wis ditunggu-tunggu nang Totje kanggo nepati janjine marang kanca-kancane arep mbuktekake menawi deweke ora wedi mlebu marang gedhong setan sing ana nang pasar kembang. Sederenge Totje lunga marang gedhong setan, deweke nyiapake barang bawaan sing arep digawa. Totje latian carane motret nganggo tustel.
Nalika lagi motret Totje kaget ibune mlebu kamar karo mesem-mesem merga ana kancane Totje cah wadon ayu. Totje ora nyangka yen Sonia bakal teka marang umahe nang wengi kuwe. Tekane Sonia marang umahe Totje merga deweke ngerti menawi Totje arep lunga marang gedhong setan, lan Sonia arep mbatiri Totje marang gedhong setan. Sonia wis janjian karo Jaan arep ngancani Totje, tapi Totje ora ngerti menawi Jaan lan Sonia arep mbatiri deweke marang gedhong setan. Mergane menurut kanca-kancane gedhong setan terkenak angker tapi kenapa Jaan karo Sonia arep mbatiri deweke. Totje ngira yen Jaan karo Sonia bakal ngrusak rencanane, supaya Totje gagal mbuktekake marang kanca-kancane.
Akhire wong telu mau mangkat marang gedhong setan dianter dokar. Tukang dokare takon marang cah telu mau tujuane marang ngendi, sawise ngerti tujuane marang gedhong setan tukang dokar mau wedi lan ngira wong telu mau udu menungsa. Sawise tekan gedhong setan, tukang dokar mau langsung puter balik cepet-cepet
Sawise gutul ngarep gedhong setan wong telu mau langsung mbukak gerbang ngarep sing ora dikunci. Totje mlaku paling mburi, sing nang ngarep dewek yaiku Jaan lan sing kepindo Sonia. Nalika lagi mlaku Totje nabrak Sonia sing nang ngarepe tiba mergane peteng. Jaan mlaku ninggali Sonia lan Totje. Ora suwe Jaan wis ora katon wujude lunga ndisiti. Nalika Sonia karo Totje nggoleti lungane Jaan, malah Jaan ijig-ijig mlayu marani Sonia lan Totje karo keweden merga deweke diwedeni dhemit sing matane amba saka lawang gedhong setan lan lawange ora bisa dibukak. Totje ora percaya, malah ngira kuwi akal-akalane Jaan kanggo medeni deweke. Totje tetep mlaku lah mbukak lawang sing mau jare Jaan ora bisa di bukak, tapi nang Totje bisa dibukak. Awale Totje weruh mau lawange mengo lan saiki nutup merga ana sing nutup. Sonia keweden lan njaluk bali marang Totje, tapi Totje ngomong marang Sonia nalika nang gedhong iki ora ana dhemite. Wong telu mau banjur pada mlebu, Totje langsung nyiapake tustel kanggo motret mbok menawa ana dhemit sing nongol langsung dijepret. Totje mlaku terus lan kabeh ruangan dileboni.
Nalika Totje lagi muteri ruangan Jaan malah nginum-nginuman keras lan mabok. Totje tetep mlaku karo misine, ora suwe Totje weruh ana andha kanggo marang loteng. Totje manjat marang anak tangga alon-alon, nalika lagi manjat Totje krungu swarane Sonia njerit-njerit, Totje ngira yen kuwe akak-akalane Jaan maneh kanggo nggagalake rencanane Totje. Totje tetep manjat lan Sonia esih njerit-njerit nang lante ngisor, lan si Jaan malah ngguyu cekakakan. Nalika Totje tekan anak tangga sing paling ngisor deweke weruh ana wong wadon disanggul njagong nang cedak tangga. Totje langsung motret wong mau kuwi, banjur Totje nggagapi wong kuwi lan gedihe isih anget pada metu saka wetenge wong kuwi. Totje ngira yen wong kuwi tembe wae mati bunuh diri nag kono, kuwi dudu dhemit.
Nalika lagi nggramaki wong wadon kuwi Totje weruh ana sing gerak saka kamar sing nang pojok loteng. Totje langsung marani marang kamar kuwi, nalika lagi mlaku marang kamar mau Totje krungu ana swara jeritane Sonia njaluk tulung merga keweden, Totje bingung arep mudun marani Sonia apa tetep marang kamar sing mau ana sing gerak. Totje krungu swarane Sonia tambah genah marani deweka tapi Totje tetep nglanjutake mlaku marang kamar sing ana nang pojok loteng mau.
Nalika Totje mlebu deweke kaget weruh ana sing gemantung nang kamar, Totje langsung motret nganggo tustele, bar iki Totje langsung mlayu marani Sonia nang ngisor. Sonia keweden banget weruh Totje, Totje langsung dithuthuk nganggo sentolop ngasi semaput. Bareng sadar Totje kaget kenangapa deweke ana nang rumah sakit lan dirubung wong akeh. Banjur mamine Totje nyritakake nalika deweke semaput dithuthuk nganggo sentolop nang Sonia. Sonia nuthuk Totje mrga deweke trauma dikira Toje kuwi Jaan. Amarga nalika wengi kuwi Sonia njerit-njerit merga arep diperkosa nang Jaan sing wis mabok. Banjur Sonia nuthuk Jaan kanthi mati. Sonia saiki kentir merga kelakuane jaan.


cerkak"JODHO"

JODHO

Cerkak Bahasa Jawa yang pernah dimuat dalam majalah Bahasa Jawa Panjebar Semangat, edisi 24 Desember 2016 dengan judul "Jodho". Cerkak karangan dari A.S Yasman ini menceritakan kisah percintaan yang dialami oleh seorang pemuda terhadap gadis pujaannya yang bernama Triningsih.

Jujur wae, senajan wis pedhot watara limang taunan, nanging batinku ora bisa diapusi. Angel
angqonku arep nglalekake senajan wis keslimur maneka kegiyatan ing pasinaon lan sawise lulus
kuliyah terus nyambut gawe ngrumat pasien ing rumah sakit. Uga duwe samben nulis cerkak lan
guritan sing tak kirim menyang majalah basa Jawa, ngiras melu nguri-uri basa lan susastra amrih
ora kabuncang dening ombake globalisasi.

Triningsih jenenge kenya kembange desa kuwi. Citrane tansah kumanthil ing atiku, luwih-luwih
yen pinuju sepi ora ana kegiyatan. Gawang-gawang wewayangane tansah ngreridhu, lelewane
yen pinuju aleman, lan dhekik pipine yen lagi mesem. Wis dadi rahasia umum yen
sesambunganku karo Triningsih kayadene Kamajaya lan Dewi Ratih, ngalor ngidul tansah
rerenteng reruntungan. Mbuh kuwi ing bangku pasinaon, ing kegiyatan olahraga utawa yen
pinuju gladhen beksan ing padhepokane Resi Subroto.
Jane ora etungan cowok sing mambu ati marang Triningsih, kayata Prapto lan Robertus kanca
sekelas, nganti direwangi bengkerengan lan jothakan. Nanging lelorone mung dienjebi wae
dening Triningsih, ora ana sing digape.

Beja kemayangan dene aku sing ora mlebu nominasi ngesir dheweke bisa ketiban pulung. Bisa
cecaketan lan kena diarani pacaran. Nanging ya kuwi, imbase kanca-kanca priya padha ora
Seneng marang aku, temahan banjur nyatru lan mungsuhi. Kepara Robertus sing ngesir setengah
mati lan ditulak mentah-mentah dening Triningsih tau nantang ngajak gelut, nanging ora
takladeni.

“Mas Robert, ora apik yen perkara bocah wadon direwangi tukaran. Karomaneh sambung
katresnan kuwi sawijining pilihan antarane priya lan wanita lumantar keserasian jroning ati,”
ucapku nalika Robertus nyengkerem krah klambiku arep nempiling. Bubar kuwi Robertus terus
mundur teratur, ngerti yen Triningsih ora ngrespon marang dheweke.

Wusanane kanca-kanca sing maune gething marang aku padha nyadhari keluputane lan ngajak
akur maneh. Malah sawijining wektu rikala Triningsih ulang taun, kabeh kanca kanthi aklamasi
ndheklarasekake aweh sebutan anyar Mantri. Tembung mau digabung antarane jenengku lan
jenenge Triningsih. Wiwit kuwi saben ketemu, mbuh ing endi wae, uger ketemu kanca-kanca,

aku diundang Mantri, dudu jenengku sing asli.

GARUDA PUTIH

GARUDA PUTIH

            Emi, wong wado bayaran nalika tangi turu dheweke kaget amarga Abisuna , wong kang nggawa dheweke ing sawijining hotel ing pegunungan yaiku hotel Argadalu wis ora ana ing njero kamar . Esuk-esuk nalika wong loro nom-noman lanang wadon yaiku Manik lan Wicaksana lagi mlaku-mlaku ana ing taman , dheweke namoake mayit . Mayit mau digantung ing sak ndhuwure jirang. Mayit mau ora salah ya Abisuna .
Manik lan Wicaksana banjur enggal-enggal lapur karo meneger hotel yaiku Suhud. Banjur kasus mau ditangani dening polisi saka Surabaya sing njanjane lagi diugasi ngurus kasus durjana Garuda Putih . Kasus diperjayane Abisuna uga ditangani dening detektip kondhang yaiku Handoko , sing uga wis suwengi ana ing hotel Argadalu . Polisi nemoake kertas serbet Argadalu ing njero kaose Abisuna , kertas mau ana tulisane “ Ukumane wong slingkuh” . Kertas mau padha persis karo kertas sing ditinggalake nalika ana maling Rajabrana ing daleme Bapak Suryapriyangga ing Surabaya seminggggu kepungkur . Ing kertas sing ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga ana tulisane  “sing njupuk aku , Garuda Putih “ . Banjur padha ngannggep ten sing merjaya Abisuna kuwi ya Garuda Putih .
Kabeh wong kang ana ing hotel mau diperiksa dening polisi , lan kabeh wong padha duwe rasa curiga dhewe-dhewe . Bagus Pramutih dadi sasaran tudhuhan amarga dheweke gerak-gerike nyurigani . Nanging wis mesti gudu Bagus Pramutih sing merjaya Abisuna, amarga Bagus Pramutih teka ing hotel kana namung dikongkon dening nyonya Abisuna kanggo nyekseni yen Abisuna pancen tenan ora lagi dinas ana ing Malang , nangin lagi slingkuh ing hotel Argadalu. Nyonya Abisuna pikantuk info yen Abisuna lagi slingkuh saka surat budhek sing ditulis ing kertas serbet hotel Argadalu , surat mau jare dikirim dening Garuda Putih . Garuda Putih arep ngukum Abisuna amarga klakuane .

Guritna, tunangane Rara Suwarni ponakane meneger hotel uga dadi sasaran tudhuhan , amarga dandanane necis kata ciri-cirine Garuda Putih , umur-umurane uga padha . Lan dheweke teka ing daerah Tretes bareng karo tekane durjana Garuda Putih sing ditandhani anane kasus diperjayane Abisuna , lan Guritna ditudhun yen dheweke kuwi Garuda Putih . Nanging Polisi ora bisa mbuktikake yen Guritna kuwi Gariuda Putih , malah ana kabar yen Garuda Putih dina kuwi kecekel lan mati ana ing Surabaya bibar ngrampok . Otomatis Guritna bebas lan polisi sing ditugasake ing Tretes tugase uga dibubarake amarga Garuda Putih wis kecekel . Banjur kasuse Abisuna ditangani dening detektip Handoko . Banjur ketemu yen sing merjaya Abisuna kuwi ora salah ya Maridi , jongos hotel Argadalu . Motip pembunuhane yaiku amarga Maridi arep njebak Garuda Putih .   Maridi wis reti sapa kuwi Garuda Putih , yaiku Guritna. Maridi sing nulis surat budhek kanggo nyonya Abisuna , kanggo detektip Handoko , uga surat kang ditingal ing laci omahe Bapak Suryapriyangga . Maridi arep nggawe fitnah kanggo Garuda Putih , amarga Maridi wis suwe seneng karo Rara Suwarni tunangane Guritna . Maridi yaiku kanca cedhake Rara Suwarni nalika SMP , janjane Rara Suwarni uga seneng karo Maridi  nanging Ibune Rara Suwarni ora ngrestoni . Nanging polisi uga wis ngerti yen Guritna kuwi pancen Garuda Putih , naging Garuda Putih wis limang taun kepungkur pensiun lan ora tau nggawe geger meneh . Uga ora ana bukti kuwat yen Guritna kuwi Garuda Putih . Banjur sapa wong kang mati ngendhat ana ing Surabaya dina kuwi lan sakdurunge mati ngaku yen dheweke kuwi Garuda Putih ? . Wong kuwi yaiku anak buwahe Guritna , Guritna ngeculake manuk Doro kanggo ngirim nawala kanggo anak buwahe kuwi . Njaluk tulung kanggo nyelametake identitase . Otomatis Guritna wis ora bisa kena tudhuh.

Kamis, 18 Januari 2018

Sang Pangeran Pati






Sang Pangeran Pati




















          Suryo Baskoro kuwi priya kang duweni pasuryan bagus pideksa,pinter,andap asor,pinter sesrawungan,lan pinter gawe ati para wanita luluh. Suryo Baskoro dadi wakil ketua redaksi ana ing perusahaan koran Cahaya Kita makili Prihastuti Kusumo kang dadi Ketua Redaksi Cahaya Kita amarga perusahaan koran iku duwene kang rama Broto Kusumo. Suryo Baskoro di wenehi dening Broto Kusomo kanggo dadi wakil amarga di yakini bisa gawe Cahaya Kita luwih maju, Surya Kusomo ora nyia-nyiakaken jabatan kang diparingi karo Broto Kusumo,malah Suryo wis di anggap kaya anak lanange dewe marang pak Broto. Prihastuti kang biasa di timbali mbak Tuti marang Suryo uga wis nganggap Suryo adhine dewe. Deweke percaya sakpenuhe marang Suryo dadi tangan kanane deweke. Marang kanca-kanca kantore Surya di sebut pangeran pati amarga apa wae tugas kang di wenehake marang Suryo bakal beres ora ana sek kececer senajan deweke kang nggarap santai kaya ora ana beban beda karo karyawan liyane. Suryo duweni program kerja anyar kanggo karyawane nanging karyakan kang di anggap bisa gawe Cahaya Kita dadi luwih apik. Nanging saka program kerja sing anyar kuwi Suryo tumindak culika,Surya di paringi cek 50 yuto amarga tumindak culika marang Cahaya Kita,nanging Suryo uga duwe konflik batin,sebarenge deweke dadi milyader malah sisihan atine Surtikanthi ilang saka regeman amarga keputusane kang rama Suryono amarga Suryo di anggap ora akeh banda. Nanging Suryo ngrasa marem merga bisa buktikna yen bisa dadi milyade senajan hasil saka tumindak culikane marang kode etik jurnalistik. Suryo ngotak atik berita,molak malik kabeneran amarga ngrasa dendam marang Suryono kang wis tau ngina Suryo. Suryo ngrasa deweke kendel karo Basuki (Koordinator Liputan) lan Sri Wahyuni ( Redaktur Opini). Nanging pemimpin redaksi Prihastuti luwih kendel amargi wani nolek perintahe Walikota Aryo Guritno sing mrentah supaya artikel tulisan anak buahe Prihastuti kudu enggal enggal di cetak. Penggalihe Prihastuti muncak menawa ngerti yen Suryono manfaatke Cahaya Kita kanggo mborong Koran pesainge supaya mati pasarane lan dadi tamabah sugih. Saka tumindak kuwi Broto Kusumo krungu langsung nganakake rapat keluarga karo Prihastuti lan adine Wisnumurti Kusumo ngrubah struktur organisasi nang perusahaane Suryo kang jabat dadi wakil ketua redaksi mudun dadi redaktur teknisi. Prihastuti dadi pemimpin umum/ pemimpin perusahaan,Wisnumurti dadi ketua redaksi lan wakile di ganti karo Basuki.

          Saka masalah masalah kang di gawe karo Suryono,Suryono kaya duweni musuh piranga pirang, Suryo di culik karo utusane salah sijine calon gubernur amarga pawarta kang di wolak walik kabenerane marang Suryo,deweke di utus marang kangmase Guritno sing uga nyalon dadi gubernur. Suryo di sekap ana ing hotel karo wong papat utusane pesainge kangmase,kang dadi penyelamet ana ing kedadean iki yaiku Surti,Surti di kabari adhine Suryo,Suryawati Suminar yen kangmase ora mulih rong dina awit budal kerja. Surti kaget krungu kabar kuwi banjur age age luru Suryo nganggo tgeknologi canggih yaiku pendeteksi tempat kanng wis tau di pasang deweke ana ing plat nomer mobil X-type kendaraane Suryo. Sak banjure Suryo ketemu ana ing hotel,kmondisine Suryo mrinani banget,mripate di tutupi,tangane di banda ngansi pingget. Deweke kaget weruh Suryo ana ing kondisi kaya iku,Suryo banjur age age di gawa metu,petugas hotel arep lapuran polisi nanging di penging marang Suryo amarga yen lapur polosi Suryo bakal luwih cilaka. Surti banjur nakoni Suryo kaya wartawan lagi nakoni narapidana Korupsi ora ana late,orana ana bare nanging Suryo mung nanggepi kanthi santai amarga Suryo wis ngerti yen kuwi resikone. Ucul saka masalah kang wigati kuwi Suryo malah entuk rejeki nomplok amarga deweke bajur bisa nggarbini Surti,banjur deweke malah melu Surtikanthi menyang Amerika nerusake pendidikan S3 ngancani bojone kang entuk beasiswa kango neruske dadi doktor,wis ngono kaluwargane Prihastuti isih nyangoni kanggo uripe Suryo lan Suti ana ing Amerika,ora mung kuwi wae,Suryo uga entuk duwit saka Aryo Guritna kangmase amarga berhasil dadi Gubernur saka pangorbanane Suryo. Banjur suryo karo Surtikanthi urip tentrem ana ing Amerika.

Kudarakan ing Kidul Dringu

Kudarakan ing kidul dringu
          Desa dringu menika wonten ing sawetanipun kutha Probolinggo,taksih kepetung trajange dalan gedhe Daendels. Nalika wonten ing taun 1947 Wimbadi dipun pindhah jawatipun wonten ing Probolinggo. Wimbadi  mboten kedah pados pondhokan amargi wonten saderekipun saking sala wonten ing Dringu yaiku mbakyu Pandam, garwanipun mbakyu, mas Pandam  ngasta wonten pabrik gula. Mbakyu Pandam saweg ngandhut lan niate badhe babaran wonten Sala, dados Wimbadi saged ngancani Mas Pandam.Saben dinten Wimbadi nitih sepeda saking Dringu-Probolinggo. Amarga kantore mboten tebih sanget dados ngangge sepeda.
          Mbakyu Pandam mboten kagungan abdi, dados sedaya dipun cepeng piyambak. Gadhah ingon-ingon asu jenenge Tambur.
          Dina iku tanggal 21 Juli awan-awan jam loro Wimbadi mulih saka kantor, akeh montormabur klinteran mbrengengngeng. Ngantos jam 4 sonten, Wimbadi lan mas Pandam sami-sami bingunge. Jebul swara montormabur lan swara bedhil-bedhil senjata api mau kuwi tandane perang. Wonten prahoto kang sejatosipun kangge momot-momot barang ananging prahoto menika malah momot-momot wong , banjur Wimbadi lan mas Pandam mlayu saka kana, liwat mburi omah nanging liwat mburi omah kedah mlumpati tembok kang dhuwure 3 meter. Lajeng mas Pandam mlumpat, Wimbadi bingung tapi melu ngetutaken mas Pandam, si Tambur jegog-jegog ana ing ngisor tembok, diprentah mas Pandam mubeng. Wimbadi lan mas Pandam mlayu liwati sawah, mas Pandam tiba ngrungkebi galengan, mas Pandam ora obah . Wimbadi bingung, Wimbadi mlayu saka kana lan nggolek panggonan kang aman. Nalika iku jaman-jaman walanda ngawontenaken serangan sasi juli 1947, objek-objek vital dipun bumihangusaken.
          Wimbadi saiki wonten ing dusun sak kidulipun dusun Dringu. Wonten mriku Wimbadi sareng kaliyan pengugsi sanes. Wonten Dulmanan, Dasiyun, Martimbang lan Martimbul , Dul Genuk , Basuki, Kusman, mas Adi Waluya lan sapiturutipun. Wimbadi inggih tresna kaliyan Kenya ingkang ayu namanipun Kingkinarti. Piyambakipun ngarosaken benten nalika pepanggihan kaliyan Kingkinarti. Wimbadi nyuwun marang si Dulmanan supados piyambakipun saged cedhak kaliyan Kingkinarti. Wimbadi sampun nganggem pinten-pinten cara, nanging Kingkinarti mboten mendhel.

          Kahananipun kutha Probolinggo sangsaya kisruh. Pemudha-pemudha wonten dusunipun Wimbadi mboten amung ngratapi kedadeyan sedaya menika. Nalika ndalu padha ngawontenaken serangan bebarengan. Padha nyabrang dalan Daendels. Ingkang dados kepala regu Mas Adi Waluya, wakil regu Ananta, Dul Genuk, Wimbadi, Basuki, Dasiyun, Dulmanan, Martimbang lan Martimbul, Kusman. Ananging wonten serangan menika Dul Genuk kena peluru lan sekarat. Para pemudha inggih menika bingung amargi Dul Genuk ketembak tentara walanda. Lajeng Dul Genuk dibekta wonten dusun malih, wonten ing dusun menika para pemudha bingung amarga peluru menika kedah dipundhut supados Dul Genuk mboten ke lara lara, badhe wonten mantra tebih, kahanan inggih mboten saged dipun paksa, ketua regu lajeng damel undian kangge sinten tiyang ingkang kedah nembak mati Dul Genuk, supados Dul Genuk mboten ke lara-lara. Dasiyun kang kedah nembak Dul Genuk. Kedadeyan menika sedaya ugi ndamel perkawis ingkang boten rampung , Dasiyun bunuh diri, Kusman kenthir. Wibadi sangasaya bingung dening kahanan menika, lajeng piyambakipun tindhak saking dusun menika pados panguripan ingkang langkung tentrem, kutha Sala ingkang dados tujuan. Wonten Sala Wimbadi saged pepanggihan malih kaliyan Kingkinarti, ingkang jebul saweg ngandhut. Kingkinarti lajeng nyariosaken kedadeyan saksampunipun Wimbadi kesah saking dusun menika.

NJAGA KELESTARIANE BANYU















Njaga Kalestariane 















                                Banyu







    





   Neng jero tata uripe manungsa, banyu akeh nduwe peran penting sanget, antarane yaiku kanggo ngumbe, mangsak, misuh lan adus. Liyane  kuwi banyu uga akeh dibutuhake kanggo ngelepi sawah, tegal, lan isih akeh meneh. Banyu uga digunakne kanggo kebutuhan industri, pertanian, pemadam kobongan, panggon rekreasi, transportasi, lan liya-liya. Lelara-lelara sing nempuh manusia bisa uga ditularna lan disebarake liwat banyu. Kondisi kesebut  isa nyebabake lelara.

          Tumindak manungsa sak njero pangebakan kebutuhan sadina-dina, kanthi ora sengaja wis nambah jumlah bakal anorganik nang saben banyon lan ngregeti banyu. Kaya ta, pambuwangan detergen menyang saben bisa ngakibatke dampak ala marang organisme sing ana neng saben. Rabok lemah sawahan utawa tegal lan pupuk gawen utawa pabrikan, banjur mlebu saben marakake tuwuhan urip sing ora kendhali karan eutrofikasi utawa blooming.

          Mangsa ketiga dawa akeh wong kangelan golet banyu. Apamaning neng panggonan sing pancen dhasare angel banyune. Mangsa ketiga dawa nyebabna kali, sumur, belik utawa tuk padha sat. Kanggone masrakat sing pedinane goli nganggo banyu ngendelna maring sumur utawane belik banget rekasane merga banyu pancen dadi plekara sing wigati tumrape wong urip. Ora mung kuwe, mangsa ketiga uga akeh pelanggan banyu ledheng padha ngangluh jere miline angger wengi thok. Wis kaya kuwe banyune uga ithir-ithir.

Mangsa ketiga utawa mangsa rendheng kanggone kaum tani neng jaman siki padha-padha bisa dadi jalaran rusake tanduran. Angger neng mangsa ketiga tandurane garing, parine puso merga kurangen banyu. Lah angger mangsa rendheng tandurane bosok merga keblaburen. Banyu kejaba bisa dadi berkah, manpangati tumrap menungsa uga bisa dadi mala sing ngrugekna penguripan.

          Nah, jaman siki banyu sing maune dadi piyandel kemajuane peradaban wis owah merga lakune menungsa. Banyu sing ana sajrone bumi pancen bisa uga enteke esih ewonan utawa jutaan taun maning. Ning babagan lahan pertanian sing kurangen banyu, kurange banyu sing bresih lan sehat siki wis derasakena.
Saben-saben mangsa ketiga teka akeh dhaerah metu werta kurangen banyu. Kaum tani rebutan banyu nggo ngileni sawah, malah-malah bisa ana kedadeyan wong tani dadi congkrah merga rebutan banyu ngieni tanduran. Wong tani gedhe banget pengarep-arepe maring pemrentah gageyan mbrantas pleraka kurange banyu.

          Semana uga sing neng kota, angger teka mangsan terang dawa krasa pisan rekasane. Banyu resik sing nggo nyukupi kebutuhan pedinan sing ngendelna PDAM sengasaya ngithir cilik iline. Padahal angger wong kota akeh-akehe wis ora padha ngingu sumur. Tuku banyu ideran kejaba madan larang uga kewatir mbokan banyune goli ngangsu sekang kali sing wis kenang cemar limbah. Sarwa-sarwine angger mangsan terang dawa kangelan babagan banyu resik ora nang kota ora ndesa.

          Bagen banyu resik sing dewatesi, cemare banyu sajrone bumi, sengsaya sudane sumber-sumber banyu dadi sebab gari kurange banyu resik. Tekan mangsane mengko temen-temen ana kedadeyan banyu dadi barang sing banget larang regane. Sing njalari owahe banyu sekang gawe manpangat dadi bebaya kuwe merga lakune menungsa dhewek. Kejaba masalah jumlah menungsane sing terus tambah akeh sudane banyu resik uga merga rusake lingkungan. Abrasi kisik njalari mrembese banyu segara maring daratan. Kiye dadi sebab banyu sing neng njero lemah terkontaminasi. Goli padha ator wit-witan gedhe, nggugrugi gunung sing cokan sekarepe dhewek uga dadi sebab ilange banyu. Goli padha mbuwang runtah lan mbuwang limbah pabrik maring kali uga njalari banyu dadi kotor lan mbebayani angger dekonsumsi.

          Kitha padha  wis mangsane kudu mikirna, ngada-ada, ngupayani kepriwe carane ora kentekan sumber banyu utamane banyu resik. Mayuh padha molahi seneng nandur wit-witan lan mandheg goli ngguguri gunung. Mbuwang runtah neng kali, laku boros banyu uga kudu delereni. Nganggo banyu secukupe. Lestarine lingkungan, lestarine banyu.
Kanthi mangkene mugo kita sedaya saget sami-sami njaga kelestarian lingkungan sepados banyu tansah gampil dipun temokaken.








RORO JONGGRANG



Roro Jonggrang
Image result for cover dongeng dan cerita nusantara bahasa jawa
            Ana ing jaman Hindu-Budha wonten satunggaling pangeran kang nduwe jeneng Raden Bandung Bondowoso, panjenenganipun nun injih putra saking raja Pengging Prabu Damar Moyo. Raden Bandung Bondowoso sawong pangeran sing terkenal kuwat lan sekti mandraguna. Kajaba Pengging, ana kerajan sing liya sing nduwe jeneng Keraton Boko. Raja Keraton Boko nun injih Prabu Boko lan satunggal patih kanti asma Patih Gupolo. Prabu Boko nduwe putri sing ayu banget kanthi jeneng Lorojonggrang.
          Kerajan Pengging nyerang keraton Boko. Raden Bandung Bondowoso nyiapake pasukan gawe nyerang keraton Boko, Prabu Boko uga nyiapake pasukan gawe nyerang kerajan Pengging. Raden Bandung Bondowoso mbunuh Prabu Boko. Raden Bandung Bondowoso dugi keraton Boko. Raden Bandung Bondowoso ketemu Roro Jonggrang, Raden Bandung Bondowoso langsung nyenengi Roro Jonggrang. Roro Jonggrang nolak lamaran Raden Bandung Bondowoso.

          Roro Jonggrang nduwe syarat gawe Raden Bandung Bondowoso, syarat’e yaiku nggaweake siji sumur lan sewu candi Raden Bandung Bondowoso njaluk tulung lelembut gaweake 1000 candi. Para lelembut mlayu, wedi amarga esuk durung genep. Raden nesu lan ngutuk Roro Jonggrang dadi arca, 999 candi kasebut dadi genep 1000 candi.

KETHEK lan BULUS




            KETHEK LAN BULUSImage result for cover buku kethek lan bulus

          Ana Kethek lan Bulus sing urip ing alas cedhak kali. Nanging, Kethek siji iki duweni sifat kang ora terpuji Kethek iku licik ngapusi kancane kanggo kepentingane dhewe’e Kethek iku kekacan karo Bulus amarga ana sing diarepke saka Bulus. Kethek numpak mburi Bulus karo macem-macem alasane. Senajan mangkono kelakanane Kethek. Bulus ora tau purun bantuan saka wong-wong liyane.
          Yen ing ndalan nemu wit kang awoh buahe Kethek langsung menek kanthi gesit, nangging Bulus dikongkon nunggu ing ngisor. Sawise wetenge Kethek wareg, banjur Kethek kelingan karo Bulus. Nangging sing enek mung kulit-kulitan lan wahan bosok sing dilugurno. Sawijining dina, mangsa ketiga daw. Udan durung teka. Wiwitan ing alas podo layu lan ora uwoh. Kethek lan Bulus dadi keluen, amarga ora ana panganan.
          Kethek lan Bulus kepikiran arep nandur woh-wohan ing tanah kosong. Mben kuwi udhan sing mundhun. Wit-witane podo ditandur. Sawise cukup akeh sing ditandur, wit-witane podo wis urip kabeh Kethek lan Bulus langsung mangan karo hasil ditandur kuwi, tapi Kethek mesti serakah ora gelem bagi panganan sing rata nangging Bulus mesti sabar. Tapi Bulus mesti ngingetno ing Kethek ben ora dadi wong sing sombong lan serakah.