Kamis, 18 Januari 2018

NJAGA KELESTARIANE BANYU















Njaga Kalestariane 















                                Banyu







    





   Neng jero tata uripe manungsa, banyu akeh nduwe peran penting sanget, antarane yaiku kanggo ngumbe, mangsak, misuh lan adus. Liyane  kuwi banyu uga akeh dibutuhake kanggo ngelepi sawah, tegal, lan isih akeh meneh. Banyu uga digunakne kanggo kebutuhan industri, pertanian, pemadam kobongan, panggon rekreasi, transportasi, lan liya-liya. Lelara-lelara sing nempuh manusia bisa uga ditularna lan disebarake liwat banyu. Kondisi kesebut  isa nyebabake lelara.

          Tumindak manungsa sak njero pangebakan kebutuhan sadina-dina, kanthi ora sengaja wis nambah jumlah bakal anorganik nang saben banyon lan ngregeti banyu. Kaya ta, pambuwangan detergen menyang saben bisa ngakibatke dampak ala marang organisme sing ana neng saben. Rabok lemah sawahan utawa tegal lan pupuk gawen utawa pabrikan, banjur mlebu saben marakake tuwuhan urip sing ora kendhali karan eutrofikasi utawa blooming.

          Mangsa ketiga dawa akeh wong kangelan golet banyu. Apamaning neng panggonan sing pancen dhasare angel banyune. Mangsa ketiga dawa nyebabna kali, sumur, belik utawa tuk padha sat. Kanggone masrakat sing pedinane goli nganggo banyu ngendelna maring sumur utawane belik banget rekasane merga banyu pancen dadi plekara sing wigati tumrape wong urip. Ora mung kuwe, mangsa ketiga uga akeh pelanggan banyu ledheng padha ngangluh jere miline angger wengi thok. Wis kaya kuwe banyune uga ithir-ithir.

Mangsa ketiga utawa mangsa rendheng kanggone kaum tani neng jaman siki padha-padha bisa dadi jalaran rusake tanduran. Angger neng mangsa ketiga tandurane garing, parine puso merga kurangen banyu. Lah angger mangsa rendheng tandurane bosok merga keblaburen. Banyu kejaba bisa dadi berkah, manpangati tumrap menungsa uga bisa dadi mala sing ngrugekna penguripan.

          Nah, jaman siki banyu sing maune dadi piyandel kemajuane peradaban wis owah merga lakune menungsa. Banyu sing ana sajrone bumi pancen bisa uga enteke esih ewonan utawa jutaan taun maning. Ning babagan lahan pertanian sing kurangen banyu, kurange banyu sing bresih lan sehat siki wis derasakena.
Saben-saben mangsa ketiga teka akeh dhaerah metu werta kurangen banyu. Kaum tani rebutan banyu nggo ngileni sawah, malah-malah bisa ana kedadeyan wong tani dadi congkrah merga rebutan banyu ngieni tanduran. Wong tani gedhe banget pengarep-arepe maring pemrentah gageyan mbrantas pleraka kurange banyu.

          Semana uga sing neng kota, angger teka mangsan terang dawa krasa pisan rekasane. Banyu resik sing nggo nyukupi kebutuhan pedinan sing ngendelna PDAM sengasaya ngithir cilik iline. Padahal angger wong kota akeh-akehe wis ora padha ngingu sumur. Tuku banyu ideran kejaba madan larang uga kewatir mbokan banyune goli ngangsu sekang kali sing wis kenang cemar limbah. Sarwa-sarwine angger mangsan terang dawa kangelan babagan banyu resik ora nang kota ora ndesa.

          Bagen banyu resik sing dewatesi, cemare banyu sajrone bumi, sengsaya sudane sumber-sumber banyu dadi sebab gari kurange banyu resik. Tekan mangsane mengko temen-temen ana kedadeyan banyu dadi barang sing banget larang regane. Sing njalari owahe banyu sekang gawe manpangat dadi bebaya kuwe merga lakune menungsa dhewek. Kejaba masalah jumlah menungsane sing terus tambah akeh sudane banyu resik uga merga rusake lingkungan. Abrasi kisik njalari mrembese banyu segara maring daratan. Kiye dadi sebab banyu sing neng njero lemah terkontaminasi. Goli padha ator wit-witan gedhe, nggugrugi gunung sing cokan sekarepe dhewek uga dadi sebab ilange banyu. Goli padha mbuwang runtah lan mbuwang limbah pabrik maring kali uga njalari banyu dadi kotor lan mbebayani angger dekonsumsi.

          Kitha padha  wis mangsane kudu mikirna, ngada-ada, ngupayani kepriwe carane ora kentekan sumber banyu utamane banyu resik. Mayuh padha molahi seneng nandur wit-witan lan mandheg goli ngguguri gunung. Mbuwang runtah neng kali, laku boros banyu uga kudu delereni. Nganggo banyu secukupe. Lestarine lingkungan, lestarine banyu.
Kanthi mangkene mugo kita sedaya saget sami-sami njaga kelestarian lingkungan sepados banyu tansah gampil dipun temokaken.








Tidak ada komentar:

Posting Komentar